-Geguritan-
Penggurit, Endi Swaramu ?
Dening Waluyo
Nalikane ana getih kang
kapeksa muncrat
Nalikane ana maewu-ewu wong
padha keluwen
Nalikane kasangsaran dadi
crita sing ora nate asat
Nalikane trilyunan dhuwit
negara di maling koruptor
Ana ngendi swaramu kang
mbiyen sora !
O, ojo nganti mung bisa
nyandra ayuning widadari
Endahing rembulan
Penggurit, endi swaramu !
Aja mung nglamun ing sangareping kaca
Takon-takon marang awakmu dhewe
Apa bener ana swarga, ana nraka
Aja mung merem semedi
Golek-golek
barang wadi
Oallah, penggurit
Geneya saiki swaramu gemeter
Tanganmu kedher lambemu
mingkem
Nalikane ana ampak-ampak
ireng
Aja mung bisa crita bab
endahing tapa brata
Utawa mung nggothak nggathukake
ukara
Oalah, penggurit apa sliramu ora
geter
Nyawang wong-wong pating kleler
Nyawang tatanan ora pener
Manawa sliramu ora tegel
Pambengkok swara iki wangsulana
Penggurit, endi swaramu !
Kapethik
saka: Panjebar Semangat
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar